Nella Kharisma - Bojo Galak

Lirik Lagu Bojo Galak by Nella Kharisma

Wis nasibe kudu koyo ngene
Nduwe bojo kok ra tau ngapenake
Seneng muring, omongane sengak
Kudu tak trimo, bojoku pancen galak

Bojo Galak Nella Kharisma



Bojo Galak Nella KharismaSaben dino rasane ora karuan
Ngerasake bojoku sing ra tau perhatian
Nanging piye maneh atiku wes kadung tresno

Senajan batinku ngampet ono njero dada
Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah

Nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ing ati
Tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodone
Senajan kahanane koyo ngene

Sungguh keterlaluan bojoku sing saiki
Kliru sitik wae aku mesti diseneni
Ameh dolan ro konco kok ora diolehke
Senenange nuduh dikira lungo ro liyane

Yen wes ngono aku mung bisa meneng
Tak jelasno malah mung nggawe kowe sepaneng
Di matamu aku iki ora tau bener
Kabeh mbok salahno, rumangsa wes paling pinter

Yo wes ben nduwe bojo sing galak, yo wes ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki

Mungkin wes dadi jodone, senajan kahanane koyo ngene
Ibarate dele sing uwis dadi tempe
Kudu tak lakoni yen pancen ngene dalane
Abote nduwe bojo sing galak

Lek ra keturutan senengane mencak-mencak
Ra usah digetuni aku kudu kuat ati
Nganti tekan mati sliramu tetep nang ati
Distel kendo wae, tak nikmati uripe
Senajane galak bojoku pancen sing bagus dhewe

Kuat dilakoni, lek ra kuat ditinggal ngopi
Tetep cinta senajan bojoku galak
Yo wes ben nduwe bojo sing galak, yo wes ben sing omongane sengak

Seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodone, senajan kahanane koyo ngene

Yo wes ben nduwe bojo sing galak, yo wes ben sing omongane sengak
Seneng nggawe aku susah, nanging aku wegah pisah
Tak tompo nganggo tulus ing ati, tak trimo sliramu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodone, senajan kahanane koyo ngene

No comments:

Post a Comment